Wejangan..
October 12, 2009
Yen dolan iku senengo nang segoro utawa gunung
segoro nduweni ateges papan kang jembare sakarat-arat, kebak banyu ananging menowo diisi banyu maneh ora bakal mbludak. semono uga menowo akeh manungsa kang mbuwang rereget nang segoro ora bakal gawe banyune dadi melu reged, lan segoro bakal mbuang rereget mau bali ono ing pinggir.
tegese dadi manungsa bakalan apik banget menowo iso duwe ati sing jembar, sugih pangapuro, lan ora gampang karegeti dening rereget. menowo tanpa kanyana ono ing ati iku kelebon rereget iso dibuang maneh, tanpa ati dadi melu reget..
gunung iku papan kang duwur, hawane adem, panggonane subur saenggo wit-witan gampang thukul..
tegese manungso kuwi ati lan pikirane kudu tansah adem, eling marang kang ono ing “nduwur”, diwejangi gampang mlebu ilmune..
Eling-elingen jenengmu kuwi cahyo
cahyo iku ateges padang, ora ono cahyo sik marai peteng
tegese ulate kudu tansah padang, ora keno peteng. ora gampang kagawa nafsu.
moga bisa ngejalaninnya..